Oleh Zia Ul Haq
Iki seratan Kasidah Muji Nabi jangkep kelawan aksara latin, minangka manut dhawuhipun Ndara Habib Syech Assegaf Solo wanci sowan sasi Sura taun 1443 ingkang kapungkur.
Kasidah Muji Nabi kasusun saking sewidak tiga syi'iran kanthi basa Jawa, ingkang karingkes saking Kasidah Burdah, Mudhoriyah, lan primbon Syamail Muhammadiyah. Mugi-mugi manfaat.
_____
KASIDAH MUJI NABI
@ziatuwel
Maulaya sholli wasallim daiman abada
Ala habibika khoiril kholqi kullihimi
PASAL 1: AYAT
Utawi kabeh puji
tetep kagungan Gusti
Allah kang mangerani
sedaya alam niki
Mpun ngutus Gusti Allah
Ing Kanjeng Rosulullah
Khale dados pungkasan
Ing sedaya utusan
Gusti Allah ngendika;
"Ora ngutus ing sira
Kejaba dadi rahmat
Kanggo sedaya jagat."
"Temen-temen wis rawuh
Rosul paring pitudhuh
Saking golongan ira
Rupa bangsa menungsa."
Banget lomane Nabi
Lan welas maring kita
Banget asihe Nabi
Maring mukmin sedaya
Kanjeng Nabi Muhammad
Den reksa tanpa cacat
Lair batin sampurna
Menungsa paripurna
Dhawuhe Kanjeng Nabi
Saking wahyu Ilahi
Kareksa saking hawa
Setan napsu angkara
Nyipati Gusti Allah
Ing Kanjeng Rasulullah
Banget luhur sipate
Banget agung akhlake
Lampahe Kanjeng Nabi
Sunnahe rina wengi
Cukup dados tuladha
Umat Islam sedaya
Sapa wonge kang manut
Ing Kanjeng Nabi nurut
Maring Allah ya to'at
Slamet dunya akherat
Mboten bakal den sikaa
Mboten bakal den murka
Sak mangsa hadir Nabi
Pusaka umat iki
Mpun damel jembar Gusti
Manahe Kanjeng Nabi
Sarta nginggilke Gusti
Asmane Kanjeng Nabi
PASAL 2: SOLAWAT
Allah kang paring rohmat
Lan para malaekat
Ngaturaken solawat
Dateng Nabi Muhammad
He wong kang padha iman
Ayo maca solawat
Salam ingkang temenan
Mugi amrih syafa'at
Wong kang maca solawat
Namung sepisan wae
Den guyur udan rohmat
Sepuluh wilangane
Wong kang maca solawat
Ping satus wilangane
Den qobul satus hajat
Dunya lan akherate
Wong kang maca solawat
Ping sewu sakdinane
Mbesuk ana akherat
Suarga panggonane
Paling cedake umat
Sareng Nabi Muhammad
Mbesuk dina kiamat
Paling kathah solawat
Solawat dadi kunci
Donga-dongane kita
Solawat ya ngresiki
Dosa-dosane kita
Wong kang tinggal solawat
Iku sasar dalane
Ora njawab solawat
Iku bakhil jenenge
Dadi ora sah solat
Tanpa maca solawat
Sejatine wong Islam
Remen solawat salam
Solawat salam kita
Iku nyuwunke rohmat
Dateng Nabi Muhammad
Keluarga sohabat
Solawat salam kula
Wilangan lintang-lintang
Pepasir ing samudra
Lan tetes-tetes udan
Solawat salam kula
Wilangan thethukulan
Hewan dharat segara
Wiji lan gegodhongan
Solawat kula niki
Sak wilangane makhluk
Ana ing langit bumi
Nganti kiamat mbesuk
Solawat salam kita
Den bekta malaekat
Dugi kekasih kita
Kanjeng Nabi Muhammad
PASAL 3: SIPAT
Kanjeng Nabi Muhammad
Bendara alam dunya
Rosul sedaya umat
Bangsa jin lan menungsa
Rikala lair Nabi
Dadi padhange bumi
Angkasa mayapada
Jembar sinebar cahya
Mboten ningali netra
Mboten ngandhut wanita
Piyantun langkung hebat
Saking Nabi Muhammad
Kanjeng Nabi menungsa
Mboten kados menungsa
Umpama inten murni
Antara watu kali
Dhawuh para sohabat
Kanjeng Nabi Muhammad
Kados dene purnama
Candra ingkang sampurna
Endhah parase Nabi
Mulya akhlake Nabi
Dhuwur elmune Nabi
Luhur pangkate Nabi
Kados mawar endhahe
Kados mbulan mulyane
Lan samudra lomane
Lan mangsa pangersane
Kados angin sumilir
Sipat lomane Nabi
Umpama wangi kembang
Iku akhlake Nabi
Nabi wajahe cerah
Mesem tansah sumringah
Lan pasuryane padhang
Mripate kados lintang
Pangendikane Nabi
Iku rasane manis
Ayem rasane ati
Adhem kaya gerimis
Sutra kalah aluse
Saking astane Nabi
Luwih wangi kringete
Saking minyak kesturi
Mlampahe Nabi tenang
Kados mandhap tanjakan
Wit-witan nundhuk hurmat
Hewan-hewan dha to'at
Lisane Kanjeng Nabi
Mboten guneman kasar
Mboten remen nglaknati
Mboten mbengok ing pasar
Nalika dilarani
Mboten mbales pilara
Balik ngapura Nabi
Kelawan jembar dhadha
Astane Kanjeng Nabi
Mboten nate mukuli
Menungsa sarta hewan
Kejaba wayah perang
Bagus-baguse insan
Kinasihe Pangeran
Akhlake iku Quran
Jujur aris tur loman
Mboten gunem lelahan
Ngapura kesalahan
Tetep teges tur lantang
Ing hukume Pangeran
Banget welase Nabi
Maring fakir lan miskin
Banget sayange Nabi
Melasi bocah yatim
Jumeneng solat Nabi
Sujud manembah Gusti
Nganti bengkak sukune
Saben-saben dalune
Kanjeng Nabi nambali
Bedhah ing rasukane
Sarta ndandosi tali
Pedhot saking sandhale
Mesti mulyakna Nabi
Sapa wae dhayohe
Mboten nate nglarani
Ing sedaya tanggane
Kanjeng Nabi Muhammad
Mahkota para nabi
Teguh njaga amanat
Tansah nepati janji
Maca sirohe Nabi
Ngokohke iman kita
Maturnuwun ing Nabi
Ya kewajiban kita
PASAL 4: MUNAJAT
Mugi solawat salam
Ing saklawase jaman
Katuran Kanjeng Nabi
Makhluk paling pinuji
Kanjeng Nabi kekasih
Kang sipat welas asih
Nyuwun pitulung kula
Sedaya panca baya
Berkat pangkate Nabi
Kula nyuwun duh Gusti
Qobul sedaya hajat
Resik sedaya lepat
Dhuh napsu aja nggersah
Merga lelaku salah
Ora bosen maksiat
Ya aja bosen tobat
Gedhe-gedhene dosa
Abot mungguh kawula
Kaya semut ing ngarsa
Dzat kang maha ngapura
Pangapurane Gusti
Ngalahke dosa kita
Welas asihe Gusti
Ngungkuli amal kita
Ya Allah Gusti, kita
Kawula tanpa dhaya
Mugiya den ampura
Den tutup dosa kita
Dhuh Kanjeng Rasulullah
Tuntun lisan kawula
Maos syahadat mulya
Nalika pecat nyawa
Dhuh Kanjeng Rasulullah
Kula nyuwun syafaat
Kala payahe mangsa
Persidhangan akherat
Dhuh Kanjeng Rasulullah
Tuntun asta kawula
Nalika nyebrang siroth
Ngantos dugi suarga
Mugi sedaya umat
Kanjeng Nabi Muhammad
Tansah pinayung rahmat
Dugi dina kiamat
Mugiya Nuswantara
Lan mukminin sakjagat
Aman makmur sentosa
Berkat Nabi Muhammad
Mugi kabeh kang maca
Mireng syi'ir punika
Den ampura dosane
Den ijabah dongane
Sampun tuntas syi'iran
Kasidah Muji Nabi
Kanthi nyuwun Pangeran
Mugi-mugi ditampi
Tamat.
Kaanggit dening Zia bin Taufiq Tuwel, wonten ing sasi Jumadil Akhiroh 1442 H.
___
PDF Risalah Maulid Jawi sarta Kasidah Muji Nabi kanthi aksara pegon saget dipun undhuh wonten ing tautan punika: https://archive.org/download/maulid-jawi-kasidah-muji-nabi/Maulid%20Jawi%20Kasidah%20Muji%20Nabi.pdf
Rengeng-rengeng piwaosan Kasidah Muji Nabi: https://youtu.be/FctunjmeNc8
Kaserat kanthi aksara latin wonten ing Kalibening, Salatiga, 20 Mulud 1444 H.
